Sabtu, 07 November 2015

Ngeleng ngeleng pas cilil

Pas cilik aku nakal
1. Pas biyen kiro kiro umur 5th, aku pengen nang pasar marani ibu. Pas iku shubuh bapak jek ngumbah dele. Aku mekso bapak cek ngeterno aku, bapak ngongkong sabar, tapi aku malah njebur nang drem seng isine dele. Langsung aku diseneni bapak terus aku dicancang nang wet gedhang nang pengger omah. Soale saking nakale aku

2. Biyen, ibu dodolan sego nang pasar. Ben bengi mesti masak gawe dodolan. Lek nggowo dodolane nang pasar, jam 3an wes onok wong becak langganane ibu seng ngenteni nang ngarep. Aku kadang elok nang pasar. Dagangane mesti rame, soale masakane ibukku enak ambek disenengi wong wong pasar. Tapi kiro kiro aku Tk nol besar, ibukku gak diolehi bapak dodolan sego/ soale, ben dino dagangane entek, tapi duite emboh nang ndi. Malah utange akeh. Dadi bapakku gak olehi dodolan.
Saben lek ketemu langgane sego ibu, mesti nakokno "gak dodol sego maneh ta? Masakane pean enak lo" sak jane lek ibu pinter nyimpen duit, pasti isok luwih gedhe dodolane.

3. Aku ambek mbak ku pas cilik biyen lek pengen nang pasar bapak bengong. Soale kene podo jek cilike. Mesti lek nang pasar, aku digendong dadi siji karo mbakku. Aku digendong nang ngarep, mbakku nang mburi.

4. Aku biyen sampek tk jek nyusu nang ibuk. Lek nang pasar aku mesti njalok nyusu nang ibu. Anehe maneh, aku lek nyusu nang pasar mesti nyusu nang njerone dastere ibu, soale isin ambek wong pasar wes gedhe jek nyusu. Dadine ibuku koyok meteng.
Pas wes gede, kiro kiro sd, aku mesti lek nang pasar di kenal gara gara nyusu nang dasterenibu. Wong wong podo kenal aku gara gara iku.
Emboh cilik.an ku kok yo nakal banget

5. Lek aku tuku jajan pas cilik mesti tuku nang cak sun njalok sak renteng. Jajan iku gak oleh dijalok karo sopo sopo. Biasane om om ku nggudo, njukuknjajanku. Pasnaku ngerti aku porek, aku golong golong nang latar. Aku mandek lek aku ditukokno jajan maeng sak renteng maneh.

6. Aku biyen nduwe konco tk jenenge faruk, arek.e seneng garai aku. Pas iko aku onok pelajaran nulis angka. Aku gak isok nolis ongko 8. Ters aku diledek karo faruk. Aku terus moleh nangis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar